Manut
ewah-ewahan jaman, saiki ragam basa Jawa mung kapantha dadi loro yaiku basa
ngoko lan basa krama. Basa ngoko kapantha maneh dadi loro yaiku ngoko lugu lan
ngoko alus. Dene basa krama uga kapantha dadi loro yaiku krama lugu lan krama
alus. Bedane ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus kaya kang
kaandharake ing ngisor iki.
a. Ngoko
Lugu
Ngoko lugu wujude
kabeh tetembungane migunakake tembung ngoko. Ngoko lugu digunakake kanggo
omong-omongan antarane wong sing wis kekancan akrab lan wong tua marang anake.
Tuladha:
1)
Kowe mengko neng ngomah apa ora?
2)
Amir ora mlebu sekolah jalaran lara weteng.
3)
Kowe sida melu bapak menyang Sala apa ora ndug?
4)
Mengko bengi sinau bareng neng ngomahmu ya?
b. Ngoko
Alus
Ngoko alus wujude
tembung-tembung ngoko kang dicampuri tembung krama kanggo ngajeni wong sing
diajak omong-omongan. Ngoko alus biayasane digunakake kanggo omong-omongan
antarane wong diwasa sing wis akrab ananging isih padha ngajeni, wong tuwa
marang wong nom sing diajeni, lan kanggo ngomongake wong sing diajeni.
Tuladha:
1)
Pak Amin wis rawuh apa durung?
2)
Panjenengan arep tindak menyang Semarang dina apa?
3)
Mas Anto arep siram saiki apa mengko?
4)
Wingi Pak Dhe rawuhe nitih motor mabur.
c. Krama
Lugu
Krama lugu wujude
kabeh tetembungane nganggo tembung krama ananging wuwuhane isih migunakake
wuwuhan basa ngoko. Krama lugu biyasane digunakake dening bakul ing pasar
menawa omong-omongan karo wong kang arep tuku.
Tuladha:
1)
Sampeyan mundhute sayur ingkang pundi?
2)
Mangke kula betakake dhateng daleme panjenengan.
3)
Kopine sampun diunjuk eyang kakung.
4)
Bapak kundure mangke jam kalih.
d. Krama
Alus
Krama alus wujude
kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo wong nom menawa
matur marang wong tuwa, anak buah marang pimpinan, lan wong sing durung kenal.
Tuladha:
1)
Mangga pinarak, panjenengan sampun dipuntengga bapak.
2)
Menawi sampun dados tugasipun saged dipunkempalaken.
3)
Bapak lan ibu sampun tindak dhateng Jogja kala wingi.
4)
Pak, kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku basa Jawi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar