Rabu, 08 Januari 2014

tembung-tembung wonten ing basa jawa




Tembung yaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemut teges lan dingerteni surasane. Saben rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tur ngemut teges, iku diarani tembung. Dene yen ana rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara iku ora kalebu tembung.

Tembung ing basa Jawa bisa dibedakake dadi:
1.    Tembung lingga
Tembung lingga (kata dasar) yaiku tembung kang isih wutuh kang durung oleh tambahan (imbuhan) apa-apa. Ana uga kang ngarani tembung lingga iku, tembung sing isih wungkul isi wantah, utawa isih asli, jalaran tembung iku durung oleh kawuwuhan apa-apa utawa durung oleh ater-ater, seselan apa dene panambang.
Tuladha:
tangi, angkut, gelis, bali, katon, lan liya-liyane.

2.    Tembung wod
Tembung wod yaiku tembung sakecap utawa sawanda sing wis ngemu teges utawa surasa. 
Tuladha:
byak, tir, ring, cis, rong, bleng, cet, pil, tho, bom, lan liya-liyane.
3.    Tembung Andhahan
Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale, amarga wis oleh ater-ater, seselan utawa panambang.
Tuladha:
makani, ditangisi, menehake, tinuku, lan liya-liyane.
4.    Tembung Yogya Swara
Tembung yogya swara yaiku tembung loro sing digandheng dadi siji, sing ngarep tiba swara "a", dene sing mburi tiba swara "i", duweni teges lanang wadon.
Tuladha:
   a. mahasiswa-mahasiswi
   b. gandarwa-gandarwi
   c. dewa-dewi
   d. siswa-siswi
   e. kedhana-kedhini
Ananging ora kabeh tembung dhapukane kaya ing dhuwur iku diarani tembung yogya swara, sabab ana wae sing jenenge wong, kang dhapukane kaya tembung yogya swara. Upamane: sudarna-sudarni, sukarna-sukarni, maryana-maryani. Mangka iku dudu tembung yogya swara, sabab iku jenenge wong lan durung mesthi yen tembung iku nuduhake lanang wadon. Amarga ana bae bocah wadon iku jenenge sukarna, nanging kosok baline bareng bocah lanang iku jenenge sukarni.
5.    Tembung Rurabasa
Tembung rurabasa yaiku rakitaning tembung kang luput, nanging wis umum utawa lumrah, menawa dibenerake malah dadi saya salah, mula uga diarani salah kaprah.
Tuladha:
a. nggoreng peyek
b. nggawe lemari
c. mbakar sate
d. negor gedhang
e. menek krambil
6. Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih sing dadi siji kanggo ngurangi cacahing wandane.
Tuladha:
a. jiwa + angga = jiwangga
b. lebda + ing = lebding
c. nara + endra = narendra
d. dupi + arsa = dupyarsa
7. TembungKriya
Tembungkriyayaikusakabehingtembungkangmratelakakesolahbawautawatandanggawe. Tuladha:
nandur, tangi, adus, digawa, daktuku, ngukur, lanliya-liyane.
Werna-wernane tembung kriya:
a. Tembung kriya lingga yaiku tembung kriya kang isih lingga, tegese
    tembung iku during owah saka asale nanging wis duweni teges tandang
       gawe. Tuladha: lunga, seba, dandan, adus, dodol, lanliya-liyane.
b. Tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya kang oleh ater-ater
    anuswara (an-, am-, an-). Tuladha: ngudang, nimba, nyepot, methuk
    lan liya-liyane.
c. Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang oleh ater-ater
    tripurusa (dak-, ko-, di-) ater-ater "ka" utawa seselan "in".
    Tuladha: sinebul, kopangan, dakgambar, kosilih, lanliya-liyane.
d. Tembung kriya rangkep yaiku tembung kriya kang awujud rangkep
    lan di perangana :
1. Rangkep dwi purwa yaiku tembung kriya wanda wiwitan diucapake
        kaping pindho. Tuladha: leledhang, leladi, tetedha, lelewalanliya-liyane.
 2. Rangkep dwi lingga yaiku tembung lingga kang diucapake kaping pindho. Tuladha: golek-golek, omah-omah, adoh-adoh, etung-etung lan liya- liyane.
3. Rangkep dwi wasana yaiku tembung lingga wanda wekasan diucapake
        kaping pindho.
e. Tembung kriya transitif yaiku tembung kriya kang dibutuhake lesan (objek)
    mula uga diarani tembung kriya mawa lesan. Tuladha ing ukara:
 1. Murni methuk mbakyune.
 2. Nuri ngirim sing matun.
3. Harno dandani sepedhane.
f. Tembung kriya intransitive (tanpa lesan) yaiku tembung kriya kang
    mbutuhake lesan.
Tuladha ing ukara:
 1. Pakdhe kondur ing daleme.
 2. Tari nesu ing kamar.
3. Parni turu jam wolu bengi.
4. Marwoto lagi ndonga.
8. Tembung Aran
Tembung aran yaiku jenenge sakabehing apa bae kang dianggep barang.
Tembung aran kaperang:
a. Tembung aran mawujud yaiku tembung aran kang bisa ditampa nganggo
    panca indriya. Sing kagolong tembung aran mawujud upamane:
             1. Jenenge wong  = nuraini, sukarto, sumanto, sukini, demak lan liya-
                liyane.
 2. Jenenge kutha  = pacitan, ponorogo, jombang, demak, lan liya-liyane.
3. Jenenge kewan = sapi, kebo, jaran, unta, gajah, lan liya-liyane.
4. Jenenge gunung = merbabu, lawu, slamet, tugel lan liya-liyane.
5. Jenenge barang = TV, radio, kulkas, kompor, lan liya-liyane.
b. Tembung aran mujarad (ora maujud) yaiku tembung aran kang ora bisa
    ditampa ngganggo panca indriya. Tuladha: iman, kepinteran, kabudayan, keyakinan, lan liya-liyane.
9. Tembung Andhahan
Tembung Andhahan utawa kata jadianya iku tembung sing wus owah saka linggane amarga kawuwuhi imbuhan (tembung lingga kang wus dirimbag). Pangrimbage tembung lingga dadi tembung andhahan iku kanthi muwuhake imbuhan ing ngarep, buri, utawa tengahe tembung lingga. Kabeh imbuhan iku kalebu wujud terikat. Imbuhan basa Jawa wujude ana papat, yaiku ater-ater, seselan, panambang, lan imbuhan bebarengan.
1.Ater-Ater
Ater-ater (awalan)  iku imbuhan kang dununge ing kiwaning tembung utawa ing ngarep tembung. Ater-ater basa Jawa yaiku ater-ater anuswara (m-, n-, ng-, ny-), ater-ater  a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa-, pi-, pri-, pra-, tar-, kuma-, kami-, lan kapi-.
Tuladha:
Ater-ater anuswara
m-       + pacul         macul
m-       + weling       meling
n-        + tutup         nutup    
n-        + telat         nelat
ng-      + keplak     ngeplak
ng-      + kancing     ngancing
ny-      + sambel      nyambel
ny-      + suling        nyuling 
a-        + wujud      awujud
a-        + teges       ateges
ka-      + jupuk        kajupuk
ka-      + tulis           katulis
ke-      + jepit          kejepit
ke-      + pidak        kepidak
di-       + baling       dibalang
di-       + wulang      diwulang
sa-       + gelas         sagelas             segelas
sa-       + dina          sadina             sadina
sa-       + wengi        sawengi
pa-      + etung         paetung         petung
pa-      + enget         paenget         penget
pa-      + warta         pawarta
pa-      + laden         paladin
pi-       + tutur           pitutur
pi-       + wales         pinwales
pra-     + lambang     pralambang
pra-     + tandha       pratandha
pri-      + kanca        prikanca
pri-      + bumi          pribumi
tar-      + kadhang     tarkadhang
tar-      + tamtu         tartamtu
kuma-  + lancang      kumalancang        kumlancang
kuma-  + ayu            kumaayu              kemayu
kami-   + tetep          kamitetep           kapi + lare kapilare

2. Seselan
Seselan utawa sisipan yaiku imbuhan kang kadunungake ing tengah tembung. Seselan ing basa Jawa cacahe ana papat, yaiku –um-, -in-, -er-, -el-.
Tuladha:
Pinter     + -um-    puminter         kuminter
Bagus    + -um-     bumagus        gumagus
Cacad    + -in-     cinacad
Tulis       + -in-     tinulis
Kelip      + -er-    kerelip           krelip
Gandhul  + -er-    gerandhul      grandhul
Titi         + -el-     teliti               tliti
Kepyur  + -el-     kelepyur        klepyur

3. Panambang
Panambangutawaakhiran (sufiks) yaikuimbuhan sing dumunungingburitembung. Panulise kudu sumambung rapet karo tembung kang ana ing sisih kiwane (serangkai) lan ora kena kapisah. Panambang ing basa Jawa kayata –i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane, lan –ake.
Tuladha:
Lara        + -i            larai                  larani
Antem     + -i            antemi
Tangi       + -a          tangia
Gelem     + -a           gelema
Dara       + -e           darae              darane
Pacul       + -e          pacule
Suduk     + -en         suduken
Lemes     + -an        lemesan
Lungguh  + -na         lungguhna
jupuk      + -na         jupukna
Kandha   + -ana       kandhaana     kandhanana
Kanca     + -ana       kancanana     kancanana
Tamba    + -ane       tambaane        tambanana
Gebug    + -ane       gebugane
Kendho  + -ake       kendhoake      kendhokake
Utang     + -ake       utangake

4. Imbuhan Bebarengan
Imbuhan bebarengan iku imbuhan kang awujud ater-ater lan panambang kang kawuwuhake ing tembung lingga kanthi bebarengan.
Tuladha:
Ka-        + dhisik            + -an        kadhisikan
Ka-        + liwat              + -an         kaliwatan
Pa-         + papring          + -an         papringan
Pa-         + awu               + -an        paawuan        pawon
Pa-         + uwuh              + -an       pauwuhan      pawuhan
m-          + lumpat           + -i            mlumpati
m-          + buwang          + -i          mbuwangi
n-           + jiwit               + -i          njiwiti
n-           + tutup              + -i          nutupi
ng-         + keplak           + -i          ngeplaki
ng-         + lungguh          + -i          nglungguhi
ny-         + suguh             + -i          nyuguhi
ny-         + cukil               + -i          nyukili
di-          + jupuk             + -i          dijupuki
di-          + tulis                + -a          ditulisa
di-          + salin               + -ana       disalinana
di-          + kandha           + -ana       dikandhanana
di-          + wales             + -ake       diwalesake
10. Tembung Lingga
Tembung lingga utawa kata asal (kata dasar) yaiku tembung kang isih wutuh kang durung owah saka asale utawa durung rinaketan imbuhan apa-apa. Ana kang ngarani yen tembung lingga iku tembung kang iseh wantah utawa isih asli jalaran tembung iku durung nate kawuwuhan apa-apa. Tembung lingga bisa kagolongake wujud bebas.tembung lingga ana kang dumadi saka sawanda, rong wanda, utawa telung wanda. Wanda ikubasaIndonesianeategessuku kata.
Tuladha:
(a)
(b)
(c)
Gong
Bom
Las
cet
Pari
Pitik
Amben
wajan
Rekasa
Kulina
Kapiran
mustaka

Wanda basa Jawa bisa dibedakake dadi loro yaiku:
1. Wanda menga (terbuka) yaiku yen pungkasane wanda awujud vocal.
2. Wanda sigeg (tertutup) yaiku yen pungkasane wanda awujud konsonan.
Tuladha:
Rama, banting, kapisan
11. Tembung Rangkep
Tembung rangkep utawa reduplikasi basa Jawa cacahe ana telu, yaiku dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana. Tembung rangkep kasebut bakal karembug ing ngisor iki.
1. Dwipurwa
    Dwipurwa iku tembung kang dumadi saka pangrakape purwane tembung 
    lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung.
    Tuladha:
    Bungah         bubungah          bebungah
    Lara              lalara                 lelara
    Gaman         gagaman          gegaman
    Resik            reresik
    Tenger          tetenger
2. Dwilingga
    Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep. Pangrangkepe tembung 
    lingga iku ana kang karangkep wutuh lan ana kang karangkep mawa 
    owah-owahan swara.
a. Dwilingga Wutuh
   Dwilinggawutuhyaikutembunglinggakangkarangkepwutuhtanpaana 
   owah-owahanapa-apa. Dwilinggawutuhlumrahingaranandwilingga.
   Tuladha:
   Takon            takon-takon
   Watuk           watuk-watuk
   Celuk            celuk-celuk
b. Dwilingga Salin Swara
   Dwilingga salin swara yaiku tembung lingga kang karangkep mawa 
   owah-owahan swara. Racake kang kaowahi iku swara ing tembung kapisan.
   Tuladha:
   Tokan-takon
   Wotak-watuk
   Celak-celuk
   Ida-idu
   Monas-manis
   Bogas-bagus
   Gelam gelem
   Lora-lara
3. Dwiwasana
    Dwiwasana iku tembung kang ngrangkep wanda wekasan utawa ngrangkep 
    wasanane tembung.
    Tuladha:
    Cingak       cingakngak      cingangak       cengingak
    Cenges     cengesnges     cengenges
    Cekak       cekakkak         cekakakak
    Cengis      cengisngis       cengingis
12. Homograf
Homograf yaiku tembung-tembung kang tulisane padha, nanging pangucapane beda, lan tegese uga beda.
Tuladha:
1.         a. Tiyang punika asring ngagem busana cemeng. cemeng = ireng
b. Aku yen sowan budhe arep nyuwun cemeng loro. cemeng = anak kucing
2.         a. Yen duwe meri kudu dikandhangake. meri = anak bebek
b. Kowe ora perlu meri karo adhimu. meri = ewa, iri
13. TembungTanggap
Tembung tanggap yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater tripurusa (dak, ko, di). -in-, utawa ater-ater ka-.
Tuladha:
a. dak- + pilih = dakpilih
b. ko- + gawa = kogawa
c. di- + garis = digaris
d. ka- + jaluk = kajaluk
e. tuku + -in- = tinuku
Tembung tanggap iku kaperang ana 5, yaiku:
1. Tembung tanggap utama purusa. Dene tembung iki diperang dadi 3:
    a. Tanggap utama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
    "dak-".
Tuladha: dakjupuk, dakjiwit, dakgeret, lsp
    b. Tanggap purusa i-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater "dak-" lan
        panambang "-i".
 Tuladha: dakcepaki, dakresiki, dakedusi, lsp
    c. Tanggap purusa ke-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater "dak-" lan
        panambang "-ake".
 Tuladha: dakpikirake, dakwenehake, daksilihake, lsp
2. Tembung tanggap madyama purusa. Dene tembung iki kaperang 3:
    a. Tanggap madyama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh
        ater-ater "ko-".
 Tuladha: kogawe, kocokot, kocukur, lsp
    b. Tanggap madyama purusa i-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
        "ko-" lan panambang "-i".
Tuladha: korewangi, kopetani, kotumpuki, lsp
    c. Tanggap madyama purusa ke-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
        "ko-" lan panambang "ake / ke".
Tuladha: kopilihake, kotandhingake, kojembarake, lsp
3. Tembung tanggap pratama purusa. Dene tembung iki kaperang ana 3:
    a. Tanggap pratama purusa kriya wantah yaiku tembung lingga kang oleh
        ater-ater "di-".
Tuladha: dithuthuk, dikerok, disaut, lsp
  b. Tanggap pratama purusa i-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
        "di-" lan panambang "-i".
 Tuladha: dikemuli, ditutupi, lsp
  c. Tanggap pratama purusa ke-kriya yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater
        "di-" lan panambang "-ake / ke".
Tuladha: digolekake, dicilikake, didhuwurake, lsp
4. Tembung tanggap na.
Tembung tanggap na yaiku tembung lingga kang oleh seselan "-in_. 
Tuladha: tinata, binabar, rinangkul, lsp
5. Tembung tanggap ka.
Tembung tanggap ka yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater "ka-" kang
    nduweni teges "dijarak".
Tuladha: kapilih, kajupuk, katulis, lsp
14. Homonim
Homonim yaiku tembung-tembung kang padha pangucapane lan padha panulisane, nanging beda tegese sebab asale tembung kang beda.
Tuladha:
- Kula rade pandung panjenengan punika sinten? (pangling)
- Rehning punika kathah pandung, mila kedah ngantos-atos. (maling)
- Mengko yen ibu duka kepriye, mbak? (nesu)
- Bocah ditakoni kok mung duka bae, sebel aku! (embuh)
15. Tembung KeretaBasa
Tembung keretabasa yaiku tembung sing diudhari utawa dipirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane. Keretabasa uga diarani jarwo dhosok utawa tembung thuk-thuk mathuk.
Tuladha:
- simah : isining omah
- tebu : antepe kalbu
- krikil : keri ing sikil
- gusti : baguse ati
16. Tembung Kosok Balen (antonim)
Tembung kosok balen yaiku tembung kang duweni teges walikan karo tembung liyane, tembung-tembung kang kalebu antonim iku antarane: padhang-peteng, bungah-susah, gedhe-cilik, beja-cilaka, kasar-alus, lan sapiturute.
Tuladha:
- Bab sugih mlarat iku sejatine jatahe dhewe-dhewe.
- Kali ing Kalimantan kuwi tiga rendheng banyune ajeg gedhe.  
17. TembungKatrangan
Tembungkatranganyaikutembungkangmratelakakekatranganmarangtembungkriya, utawasaliyanetembungaran.Amarga yen nerangake tembung aran banjur dadi tembung kaanan.
Tuladha:
- Aisyah kerep nangis.
- Ega durung nyapu latar.
- Teronge Yu Warni isih akeh.
- Agus mrenene arang-arang.
18. Tembung tetenger
Tembung tetenger yaiku sakabehing tembung kang dienggo nyandhangi tembung aran, panganggone ana ing sangarepe tembung aran lan ora ana teges apa-apa. Tembung tetenger umpamane: si, sang, para, pun, ponang.
Panganggone ukara ing ngisor iki:
- Ponang jabang bayi tuhu pekik ing warni.
- Para punggawa padha cancut tali wanda.
- Sang prabu nembe duka.
- Si suta kae pancen sregep.
19. Tembung Entar
Entar tegese silih utawa ampil. Tembung entar yaiku tembung-tembung sing duweni teges ora salugune utawa ora sabenere (Ind: kiasan utawa ungkapan). Umpamane tembung “landhep dhengkul” iku ora tinemu ing nalar yen tegese lugu. Jalaran sing lumrah landhep iku gegaman. Dadi sing karepake dhengkul mau nyilih tembung liya (landhep) kang banjur ditegesi sarana kiasan yaiku bodho banget.
Tuladha:
Atine momot = sabar banget
Peteng pikire = susah
Padhang langite = seneng banget
Mateng rembuge = kedadeyan rembuge
20. Dasanama
Dasanama iku saka tembung “dasa” karo “nama”. Dasa tegese sepuluh, dene nama tegese nama utawa aran. Dasanama tegese jeneng nganti sepuluh cacahe, sanajan kurang saka sepuluh uga diarani dasanama.
Tuladha:
Kethek = wanara, rewanda, kapi, juris, palwaga, wre, pragosa
Banyu = warih, her, tirta, we, ranu
Ilang = nir, musna, sirna, mendra
Geni = agni, brama, latu, pawaka, dahana
Buta = reseksa, danawa, danuja, ditya, asura, diyu, kelana, wil
Kalah = kasor, kawon, kaseser, kalindhih, katitih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar