SESORAH
Sesorah (pidato) yaiku medharake gagasan
kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah uga diarani Medharsabda. Medhar
tegese ngandharake, sabda tegese omongan.
Urut-urutane
sesorah:
1.
Salam Pambuka
Isine
ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan
pakormatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.
2.
Pamuji
Isine
muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang
ditindakake bisa lancar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung.
3.
Isi/wigatining sesorah
Ngaturake
apa ancas/tujuane sesorah. Tuladha adicara pepisahan siswa kelas IX, pengetan
dina Kartini, ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial
4.
Pangarep-arep
Nyuwun
donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi
gegayuhane(cita-cita) bisa kaleksanan. Tuladha: sing lulus sekolah bisa oleh
gawean, sing ulang taun (ambal warsa) bisa lancar sekolahe, sing dadi manten
bisa tentrem anggone mbangun bale wisma, ceramah apa kang diandharake/diterangke
migunani marang para tamu/rawuh
5.
Panutup
Isine
nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone sesorah/pidato ana
kaluputan ing bab basa lan tindak tanduk.
Sesorah
ditutup kanthi Salam utawa nuwun/matur nuwun.
TULADHA-TULADHA
SESORAH :
1. Tuladha
sesorah ambal warsa (ulang tahun SMP)
Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Nuwun,
Ingkang
kinabekten Bapak Kepala Sekolah,
Ingkang
pantes sinudarsana Bapak saha Ibu Guru,
Ingkang
kinurmatan Bapak/Ibu Karyawan,
Para
kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa ingkang kula tresnani.
Langkung
rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng
ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun,
kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing
sambekala
Salajengipun,
kula ingkang pinangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi
rawuh panjenengan saged damel regenging swasana. Awit saking punika, kula
ngaturaken agunging panuwun boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun
dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih
kaleksanananipun sedya pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa ingkang kaping -60
ing kalenggahan siyang punika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang
tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu Guru sumarambah Para Karyawan ingkang kepareng
paring iguh pratikel murih pratitising adicara punika. Atur panuwun ugi kula
aturaken dhumateng para kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa , ingkang
asung sabiyantu ngantos adicara punika saged kaleksanan kanthi gancar.
Para
Bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Bilih wigatosing
gati , panjenengan kasuwun rawuh ing pahargayan ambal warsa SMP Tunas Bangsa
kaping-60 punika kanthi ancas, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting
lampah ing dinten-dinten samangke, ngandelaken tekad majengangaken panggula
wenthah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa
mliginipun.
Menggah
wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa dalah
pameran, bazaar, tuwin pentas seni, badhe kababar dening panjenenganipun Bapak
Kepala sekolah . mugi-mugi kanthi wedharan samangke, mliginipun para siswa
tumanggap ing karya bilih labuh labetipun para sesepuh tuwin alumni SMP Tunas
Bangsa rikala semanten sanyata awrat. Ingkang tundhonipun saged nglajengaken
semangatipun, pangurbananipun miwah ngukir prestasi ing tataran nasional punapa
dene internasional. Awit saking punika, kula nyuwun dhumateng panjenenganipun
Bapak kepala sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa SMP Tunas
Bangsa ingkang kaping-60 kalajengaken hambuka adicara pameran, bazaar, dalah
pentas seni.
Ing
wasana, sugeng mriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon,
mbokbilih lampahing adicara punika kirang mranani penggalih panjenengan,
panitya nyuwun agunging pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih
pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tatakrama
tuwin paramasastra.
Nuwun.
Wassalammu’alaikum wr.wb.
Matur
nuwun.
2.
Pasrah calon pinanganten kakung
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Panjenenganipun
Bapak/Ibu Sena Nugroho ingkang satuhu dhahat kinurmatan.
Kula
pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak/Ibu Hadi Sugito wingking saking
Toyan ,Wates , Kulon Progo
Ingkang
sepisan:
Panjenenganipun
Bapak/Ibu Hadi Sugito saha para pinisepuh miwah sesepuh ing Toyan Wates Kulon
Progo ngaturaken salam taklim katur panjenenganipun Bapak/Ibu Sena Nugroho
miwah para pinisepuh lan sesepuh wonten ing tlatah Gunung Ketur, Pakualaman
Ngayogyakarta mriki kanthi atur : Assalamu’alaikum Wr.Wb. Saha kinanthenan
pepuji mugi-mugi baraya ageng Bapak/Ibu Seno Nugraha dalah warga bebrayan ing
mriki tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran, suka rahayu ingkang
pinanggih.
Kaping
kalihipun:
Kula
ingkang tinanggenah masrahaken calon penganten kakung nama bagus Permadi
atmajanipun Bapak/Ibu Hadi Sugito kanthi panyuwunan mugi keparenga kadhaupaken
kaliyan pun rara Wara Subadra putrinipun Bp/Ibu Seno Nugroho.
Kaping
tiganipun :
Saderengipun
calon penganten kakung kula pasrahaken wonten ing ngarsa panjenengan, kula
ngaturaken sesanti puja-puji pudyastuti ing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi
mugi-mugi upacara ijab qobul miwah pahargyan wiwahan ingkang badhe katindakaken
sageda kalampahan kanthi wilujeng kalis ing sambekala.
Ing
samangke calon penganten kakung kula pasrahaken ing panjenengan Ingkang punika
, mbokbilih samudayanipun ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab qobul sampun
satata, keparengan ijabing calon pinanganten enggal katindakna.
Wasana
kula ingkang tinanggenah masrahaken putra calon panganten kakung bok bilih
wonten kuciwaning atur miwah kiranging suba sita, nyuwun sih lumunturing
samodra pangaksami, Nuwun.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
3.
Tuladha sesorah Sripah
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Inna
Lillahi wa inna illaihi rooji’un 3X
Panjenenganipun
Baraya ageng Bapak. Budi Santosa ingkang katemben nandhang dhuhkita ingkang
dhahat kinurmatan.
Panjenenganipun
para ta’jizah kakung putri ingkang dhahat kinurmatan.
Langkung
rumiyin sumangga sesarengan boten kendhat ngaturaken puji syukur konjuk wonten
Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun kepareng paring karohmatan dhumateng kula
lan panjenengan sedaya awujud gumelaring kabagaswaran satemah saged kempal
manunggal ing dalem duhkita mriki saperlu caos pakurmatan ingkang pungkasan
dhumateng almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa. Ingkang salajengipun keparenga
kula matur minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana mriki
Ingkang
sepisan:
Warganing
bebrayan ing dhusun Jati Srana ngaturaken ndherek bela sungkawa, awit sedanipun
Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa.
Kita
warganing bebrayan nglenggana punapa ingkang panjenengan raosaken, punapa
ingkang panjenengan sandhang, kita rerencang ngindhit sungkawa panjenengan mugi
andayanana saged ngenthengaken raosing panalangsa lan dhuhkita.
Kaping
kalih:
Warganing
bebrayan ing dhusun Jati Srana sami anekseni, bilih nalika sugengipun
Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa sae tumindakipun dhateng bebrayan, mungkul
ing panembah lan ngibadah, boten nate damel sakserik dhateng sesami.
Mila
paseksen punika mugi kapriksanana ing Pangeran, satemah kepareng paring
kanugrahan dhateng alusipun Almarhumah Ibu Sutini Budi Santosa.
Kaping
tiga:
Warganing
bebrayan ndherek memuji lan ndedonga, mugi-mugi Gusti Allah SWT, paring
pangapunten sadaya dosanipun, paring ganjaran sedaya ngamal kasaenanipun, dipun
paringana panggenan ingkang prayogi lan mugi kalebet seda ingkang khusnul
khotimah. Amin.
Dene
kulawarga ingkang tinilar mugi kaparingana manah ekhlas, sabar lan pasrah, lila
nampi panduming Gusti Ingkang Maha Agung.
Cekap
semanten atur kula minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati
Srana, wonten kirang trapsilaning atur kula, kula nyuwun pangapunten.
Bilahit
taufiq wal hidayah.Wassalamu’alaikum wr.wb.
Matur
nuwun.
4.
Atur panampi calon panganten kakung
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Panjenenganipun
Bapak/Ibu Hadi Sugito dalah rombongan calon besan saking Toyan Wates Kulon
Progo ingkang dhahat kinurmatan.
Kula
ingkang tinanggenah pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak Seno Nugroho
kekalih:
Ingkang
sepisan :
Ngaturaken
pambagya rahayu wilujeng sarawuh panjenengan sedaya, ingkang sampun kanthi
sugeng basuki ngiringaken calon penganten kakung saking Toyan Wates Kulon Progo
dumugi ing wismanipun Bapak Seno Nugroho mriki.
Ingkang
kaping kalih :
Menggah
kasugengan saha salam taklimipun Bapak Hadi Sugito sarimbit sampun kula tampi
kanthi atur: Wangalaikum salam Wr. Wb.
Ingkang
kaping tiganipun:
Bilih
pasrah panjenengan calon panganten kakung pun Bagus Permadi kula tampi kanthi
suka pirenaning penggalih, lan samangke sasampunipun dumugi ing titi wancinipun
miwah samudayanipun sampun satata ing gati badhe kula ijab qobulaken miwah
kawiwaha kaliyan anak kula pun Rara Wara Subadra.
Ingkang
kaping sekawanipun:
Kula
sadaya nyuwun tambahing donga pangestu para tamu sadaya mugi-mugi ijab miwah
pawiwahaning putra pinanganten sarimbit tansaha manggih rahayu wilujeng lulus
kalis nir ing sambekala.
Wasana
hambokbilih wonten kiranging trapsila, buja krama miwah cewet, kuciwa lan
lacuting atur anggen kula nampi rawuh panjenengan sedaya, mugi diagung ing
pangaksama.
Wassalamu’alaikum,
Wr. Wb.
Tuladha
isi (topik) sesorah:
1.
Syukuran nalika dadi siswa berprestasi
2.
Tanggap warsa (ulang tahun) sekolah minangka wakil siswa
3.
Mangayubagya kanca kang kapilih dadi pengurus OSIS
4.
Syukuran lulus sekolah
5.
Ketua panitia ing pentas seni pengetan dina Kamardikan.
6.
Syukuran bisa oleh pagaweyan.
7.
Pengetan dina Kartini
8.
Pengetan dina Pahlawan
9.
Supitan/Khitanan
10.
Ngresmekake gedung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar