Aksara Jawa Ora Kena Tumpuk Telu, Uga Babagan Pangkon
Aksara
Jawi boten pareng migunakaken pasangan tumpuk tiga. Nadyan ta ugi wonten
tetembungan Jawi ingkang tumpuk tiga konsonan-(napa nggih basa Jawinipun?)ipun.
Awit saking menika, sandhangan panyigeg pangkon ( ꦿ ) saged dipun-ginakaken
wonten ing satengahing tembung.
Sumangga andadosaken paniti priksa..
1.TEMBUNG LINGGA
Tuladha:
a. gemblung: ꦐꦷꦏꦿꦑꦹꦼꦹꦹ
b. kinclong: ꦄꦶꦎꦿꦺꦂꦝꦼꦻ
c. onclang: ꦺꦀꦻꦎꦿꦂꦝꦼ
d. gemblong: ꦐꦷꦏꦿꦺꦑꦝꦼꦻ
e. anjlog: ꦀꦎꦿꦺꦌꦝꦻꦐꦿ
(kados dene statusipun Bapa Yayat,
CUMPLUNG KECEMPLUNG JUMBLENG: ꦂꦸꦏꦞꦹꦼꦄꦷꦂꦷꦏꦞꦹꦼꦌꦸꦏꦿꦑꦝꦷꦼ )
Pranyata
miturut Padmosoekotjo, pasangan pa ...ꦞ, sa ...ꦛ ugi ha ...ꦔ ingkang papanipun
wonten ing sisih kanan ingkang dipunpasangi, saged dipunparingi pasangan malih
waton boten ketingal tumpuk tiga. Kados CUMPLUNG kaliyan KECEMPLUNG menika..
Ananging ingkang JUMBLENG kedah dipunpangku rumiyin awit pasangan ba ...ꦥ
papanipun wonten ngandhapipun aksara ingkang dipunpasangi. Nuwun.
2. TEMBUNG ANDHAHAN
Tuladha:
a. mblusuk= am- + blusuk ----->
ꦀꦏꦿꦑꦹꦇꦸꦄꦿ
b. mbledhos= am- + bledhos ---->
ꦀꦏꦿꦑꦝꦷꦺꦋꦻꦇꦿ
c. ndlongop= an- + dlongop ---->
ꦀꦁꦿꦺꦅꦝꦻꦺꦓꦻꦊꦿ
d. njlimet= an- + jlimet ----->
ꦀꦎꦿꦌꦝꦶꦏꦷꦆꦿ
e. ndlosor= an- + dlosor ----->
ꦀꦁꦿꦺꦅꦝꦻꦺꦇꦽꦻ
Ing
satunggaling ukara, sandhangan panyigeg PANGKON ( ꦿ ) ugi saged nggentosi
tandha koma/ PADA LINGSA ( ꧋ ) menawi koma menika sasampunipun wanda
sigeg.
tuladha:
----> Aku mangan, adhiku dolanan.
Menika boten kaserat: (a.)
ꦀꦄꦸꦏꦓꦁꦔꦋꦶꦄꦸꦺꦅꦻꦉꦁꦕꦁꦿ
ananging kaserat: ( b.)
ꦀꦄꦸꦏꦓꦁꦿꦀꦋꦶꦄꦸꦺꦅꦻꦉꦁꦕꦁꦿ꧋
Katrangan:
Seratan
(a.) menika dados ukara rancu amargi
tanpa koma. Menapa 'aku mangan adhiku (sing lagi) dolanan'? Menawi badhe
ngangge pada lingsa, lajeng dipunserat ing pundinipun pasangan HA? Dadosipun
ingkang leres nggih seratan (b.).
Mekaten
ingkang saged kula aturaken. Wonten kirangipun, kula tansah ngrantos paniti
priksa saking ingkang langkung pana babagan menika..
Nuwun.
ꦺꦊꧏꦅ꧀ꦇꦦꦶ
Tidak ada komentar:
Posting Komentar