Jumat, 10 Januari 2014

geguritan jawa



Pungkasane taun

Prett, prett, prettt….
Mrana-mrene mung anane swara trompet
Pating cemrewet ing malem taun baru
Kayadene swara wong njerit
Ndadekake kuping iki budheg
Amarga swarane cetar kaya setan
Mbrebegi talingan
Pungkasane taun iki,
Apa ndadekake wong-wong padha lali
Marang dina kang wis wengi iki
Isih wae padha sliwar-sliwer ana ing dalan
Apa ora luwih becik
Menawi ana ing pungkasane taun iki
Ana ngomah wae utawa ana masjid
Memuji marang Gusti
Ndonga kanggo taun saklajengipun
Supados langkung prayogi

Ajur atiku
Duh kakang…
Sajroning batinku nangis
Wong sing ndek mbiyen daktresnani
Kang dakpuja-puja
Jebul wis nduwe wadon liya
Mesakake tenan ta aku iki
Aku ora bisa nglakoni apa-apa maneh
Saiki aku mung bisa nangis
Nyawang kowe sesandhingan karo wong liya

Tikus berdasi

Dheloken kae !
Sarjana ngakune
Dhuwur jabatane
Nanging cethek pikirane
panjenengan wis mangan duite rakyatmu
ora tau nglaksanakake kewajibanmu
mung tansah foya-foya
mangan duit haram
matia wae !
sang pendusta negri !

Temanten

Klambine kang kelap-kelip
Paesan kang ayu lan bagus
Kairing lagu kebogiro
Lanang wadon mlakune banter keong
Diiringi dening para sadulure
Tumuju papan lenggah kang paling apik
Lanang wadon pasuryane katon sumringah
Merga bisa urip bebrayan karo pepujane
Kanthi ngucap janji bakal nyawiji
Nganti kaki-nini




Cobaning Urip

Jroning urip ana cobaan
Ingkang gawe ati warga sengsara
gunung merapi …
Wong-wong padha njerit
Kabeh wong padha sumebar
Anak nggoleki wong tuwane
Wong tuwa nggoleki anake
Swara kang saut-sautan
Gawe lemesing awak
Akeh wong padha tiba
Ketarik mrana-mrene
Akeh wong sing dadi korban
Wis langka wong sing peduli mabeh
sing di golek mung slameting awake dhewe

Jaman edan

Jaman ing sajroning jaman
Jaman lawas ora digagas
Jaman anyar dadi mayar
Jaman saiki jaman edan
Sing salah katon bener
Sing bener dadi salah
Jaman ing sajroning jaman
Jaman kang kuwalik-walik
Jaman kang wis diuthak-uthik

Tidak ada komentar:

Posting Komentar