Ø Sebutane
bocah / Sebutan untuk anak :
- Ontang – anting : anak siji lanang <> anak tunggal laki-laki
- Unting – unting : anak siji wadon <> anak tunggal perempuan
- Uger – uger lawang : anak loro lanang kabeh <> anak dua laki2 semua
- Kembang sepasang : anak loro wadong kabeh <> anak dua perempuan semua
- Cukit dulit : anak telu lanang kabeh <> anak tiga laki2 semua
- Gotong mayit : anak telu wadon kabeh <> anak tiga perempuan semua
- Saramba : anak papat lanang kabeh <> anak empat laki2 semua
- Sarimpi : anak papat wadon kabeh <> anak empat perempuan semua
- Pandhawa : anak limo lanang kabeh <> anak lima laki2 semua
- Pancagati : anak limo wadon kabeh <> anak lima perempuan semua
- Kendhana – kendhini : anak loro lanang wadon <> anak dua laki2 perempuan
- Kendhini – kendhana : anak loro wadon lanang <> anak dua perempuan laki2
- Sendhang kapit pancuran : anak telu, lanang – wadon – lanang <> anak tiga perempuan di tengah
- Pancuran kapit sendhang : anak telu, wadon-lanang-wadon <> anak tiga laki2 ditengah
- Keblat papat : anak papat lanang wadon <> anak empat laki2 perempuan
- Sepasar : anak lima lanang wadon <> anak lima laki2 perempuan
- Padangan : anak lima wadon siji <> anak lima perempuan Satu
- Ipil-ipil ( pipilan ) : anak lima lanang siji <> anak lima laki2 satu
- Pandhawa nyandhangi : anak enem wadon siji wuragil <> anak enam perempuan terakhir
- Kembar : anak loro lair bareng <> anak dua lahir bersamaan
- Kembar gantung : bocah kembar laire let sedina <> anak kembar lahir selang satu hari
- Dhampit : anak loro lanang wadon laire bareng <> anak dua laki2 perempuan lahir bersamaan
- Gilir kacang : anake akeh giliran lanang wadon <> anak banyak bergilir laki2 perempuan
- Lumpat kidang : anake akeh ora giliran lanang wadoh <> anak banyak tidak bergilir laki2 perempuan
- Gendhong : anak wadon akeh seng tengah anak lanang <> anak perempuan banyak yang tengah anak laki2
- Pathok : anak lanang akeh seng tengah wadon <> anak laki2 banyak yang tengah perempuan
- Grandhel : anak lanang pirang – pirang, seng wuragil wadon, utawa anak wadon pirang-pirang seng wuragil lanang <> anak banyak yang terakhir perempuan atau laki2
- Sumarak : anak akeh seng lanang luwih akeh <> anak banyak yang laki2 lebih banyak
- Anggana : anak akeh seng urip gari siji <> anak banyak yang hidup tinggal Saturday
- Cemani : anak ireng mulus <> anak hitam mulus
- Wungle, bule : anak putih mulus <> anak putih mulus
- Gondhang kasih : anak loro beda pakulitane, ono seng ireng ana seng putih <> anak dua beda warna kulitnya, anak yang putih ada yang hitam
- Pambarep : anak sing nomer siji <> anak yang nomer satu
- Panggulu : anak sing nomer loro <> anak yang nomer dua
- Pandhadha : anak sing nomer telu <> anak yang nomer tiga
- Sumendhi : kakang wuragil <> kakak anak terakhir
- Wuragil, waruju : anak seng keri dhewe <> anak yang terakhir sendiri
- Panenggak : anak nomer loro seko lima cacahe anak <> anak yang nomer dua dari lima bersaudara
- Panengah : anak nomer telu seko lima cacahe anak <> anak yang nomer tiga dari lima bersaudara
- Lola ( yatim piatu ) : bocah seng ditinggal wong tuwane <> anak yang orang tuanya sudah tiada
- Yatim : bocah lair wis ora menangi bapake <> anak yang lahir sudah tidak mempunyai ayah
- Lola bapa ( biyung ) : bocah seng wes ora nduwe bapak utawa ibu <> anak yang sudah tidak mempunyai salah satu dari bapak/ibu
- Konduran : bocah lair slamet nanging ibune seda <> anak yang lahir selamat tapi ibunya meninggal
- Sumala : bocah sing cacat wiwit lair <> anak yang cacat dari lahir
- Thok thing : bocah sing lair kanthi sirah cilik <> anak yang lahir dengan kepala kecil
- Julung kembang : bocah sing lahir nalika srengenge mletek <> anak yang lahir ketika matahari terbit
- Julung sungsang : bocah sing lahir nalika bedug awan <> anak yang lahir ketiga waktu tengah hari / waktu dzuhur
- Julung sarab/surup : bocah sing lahir nalika ngarepake surup <> anak yang lahir ketika matahari akan tenggelam
- Julung caplok : bocah sing lahir nalika surup <> anak yang lahir ketika matahari tenggelam
- Margana : bocah sing lahir nalika ibune lelungan <> anak yang lahir ketika ibunya sedang dalam bepergian
- Wuyungan : bocah sing lahir nalika perang <> anak yang lahir ketika perang
- Wahana : bocah seng lahir nalika ibune ana pasamuan <> anak yang lahir ketika ibunya sedang dalam acara pertemuan
- Jempina : bocah seng lahir durung wayahe <> anak yang lahir belum saatnya
- Tiba sampir : bocah sing lahir kalung usus <> anak yang lahir dengan posisi usus melingkar di leher
- Tiba ungker : bocah sing lahir ususe nggubed gulu <> anak yang lahir dengan usus yang menjerat di leher
- Wungkul : bocah sing lahir tanpa ari-ari <> anak yang lahir tanpa ari-ari
Ø Prenahe
sedulur :
- Anak angkat : bocah liya seng di akoni anak <> ( anak orang lain yang diakui anak )
- Anak kuwalon : anak gawane bojo <> ( anak bawaan suami / istri )
- Anak mantu : bojone anak <> ( istri/suami anak )
- Bapak / ibu angkat : wong liya ( lanang / wadon ) sing ngakoni anak <> ( orang tua yang mengakui anak )
- Bapak kuwalon : bapak sambungan dudu bapake dhewe <> ( bapak sambung bukan bapaknya sendiri )
- Besan : wong tuwane ( bapak / ibune ) mantu <> ( orang tua istri/suami )
- Budhe / uwa / bupuh : mbakyune bapak / ibu ( wadon ) <> ( Kakaknya bapak / ibu yang perempuan )
- Bulik ( bibi ) : adhine bapak / ibu ( wadon ) <> ( adik bapak / ibu yang perempuan )
- Ibu kuwalon : ibu sambungan ( dudu ibune dhewe ) <> ( ibu sambungan / bukan ibu sendiri )
- Ipe : sedulure bojo <> ( saudaranay istri/suami )
- Keponakan : anake sedulur tuwa utawa enom <> ( anak saudara tua atau muda )
- Mara tuwa : wong tuwane ( bapak / ibune bojo ) <> ( orang tua istri/suami )
- Mindhoan : sadulur tunggal buyut <> ( saudara satu buyut / bapaknya kakek/nenek )
- Misanan : sadulur pada embah, anak dulur <> ( saudara yang sama kakeknya dengan kita )
- Pakdhe / uwa / pakpuh : kangmase bapak / ibu ( lanang ) <> ( kakaknya bapak/ibu yang laki2 )
- Paklik ( paman ) : adhine bapak / ibu ( lanang ) <> ( Adiknya bapak/ibu yang laki2 )
- Pripean : ipene sedulur <> ( iparnya saudara )
- Putu : anake anak <> ( anaknya anak )
- Putu keponakan : anake keponakan <> ( anaknya keponakan )
- Putu mantu : bojone putu <> ( istri/suami cucu )
- Sadulur : sadulur tunggal bapak ibu <> ( Saudara satu bapak/ibu )
- Sadulur asu : sadulur tunggal ibu seje bapak <> ( Saudara satu ibu lain bapak )
- Sadulur kuwalon : sadulur seje bapak tunggal ibu, utawa sadulur seje ibu tunggal bapak <> ( saudara lain bapak satu ibu atau saudara lain ibu satu bapak )
- Tunggal banyu : sadulur tunggal guru <> ( Saudara satu guru )
- Tunggal welat : sadulur tunggal bapak ibu <> ( saudara satu bapak ibu )
Chandrane Manungsa
- Alise : nanggal sapisan
- Astane : nggandewa gadhing
- Athi-athine : ngudhup turi
- Awake : ramping
- Bangkekane : nawon kemit
- Bathuke : nyela cendhane
- Bokonge : manjang ngilang
- Brengose : nglaler menclok, nguler keket
- Cahyane : ngalentrih, sumunu, sumunar
- Dedege : ngringin sungsang
- Drijine : mucuk ri
- Eseme : pahit madu, kaya madu, pinastika
- Godheke : simbar rumembun
- Gulune : ngolan-olan, ngelung gadung
- Idepe : tumenga ing tawang
- Irunge : mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
- Jangkahe : njalak njrinjing
- Jempolane : ngendas ula
- Kempole : ngembang pudhak, nyikil/nyutang walang
- Lakune : mager timun, macan luwe
- Lambehane : mblarak sempal, merak kasimpir, nyigar jambe
- Lambene : nggula satemplik, manggis karengat
- Lengene : nggandhewa pinentang
- Mripate : ndamar kanginan, blalak-blalak, bawang sabungkul
- Netrane : liyep alindri
- Pakulitane : ireng manis, ngulit langsep
- Pamulune : prada binabar, ambengle kiris
- Pawakane : ramping, gagah pidegsa
- Pipine : duren sajuring
- Polatane : ruruh jatmika
- Praene : sumunar
- Pundhake : nraju mas
- Pupune : mukang gangsir
- Rambute : ngembang bakung, ngandan-andan
- Sinome : mbibis mabur, micis wuncar
- Slirane : sedhet singset
- Solahe : merak ati
- Susune : nyengkir gading
- Swarane : ngombak banyu
- Tangane : nggendewa pinentang
- Tungkake : bunder lir jinangka
- Untune : miji timun, ngelar kombang
- Ulate : sumeh / sumunar
- Wange : nyangkal putung, ngungkal gerang
- Watake : andhap asor
- Wentise : ndamen meteng, mukang gangsir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar