Mesjid Agung
Demak dibangun nalika Kerajaan Demak kapimpin dening Raden Patah. Raden Patah iku
minangka raja kang kapisan mimpin Kerajaan Demak. Ora let suwe kanthi pamarintahane, Kerajaan Demak bisa
dadi papan kang misuwur minangka dhaerah santri.
Ing
sawijining dina Raden Patah kagungan gegayuhan mbangun sawijining monumen minangka pratandha lan
simbole Islam kang awujud mesjid khas Jawa. Wektu semono, Kerajaan Demak
mung duwe langgar kang cilik banget, yen dipikir-pikir ora bakalan kamot kanggo
ngibadah wong Islam kang saya akeh. Mula, Raden Patah ngutus Wali Sanga ndandani
langgar mau supaya dadi mesjid kang luwih gedhe, luwih amba, lan mesthine luwih
endah karo sing sadurunge. Gegayuhane Raden Patah kaleksanan kanthi bantuan
para Wali Sanga, langgar kang maune cilik saiki wis dadi amba lan endah.
Demak minangka
punjering kerajaan Islam saya suwe dadi panggonan kang rame dening
pengunjung, ora mung para ulama kang padha sinau, nanging uga masyarakat saka
dhaerah liya kang kepengin ngangsu kawruh ing Demak. Mula, Raden Patah kagungan
gegayuhan ndandani maneh mesjid mau amrih luwih amba lan jangkep.
Nalika iku
ngepasi Wali Papat yaiku Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati,
lan Sunan Kalijaga sowan ing Kerajaan Demak. Raden Patah ngutus para Wali Papat nglampahi
tugas kang mulya lan agung iku. Sanadyan abot, nanging amarga saking gedhene rasa
tresnane marang negara, mula para Wali Papat mau nuruti gegayuhane Sang Sultan mbangun mesjid sadina
sawengi lan nggoleki wit jati kang gedhe kanggo saka gurune.
Awan iku sawise
pamitan, kanggo nggoleki wit jati Sunan Gunung
Jati tindak tumuju arah kulon. Dene Sunan Bonang mendhet arah kidul. Sunan Giri
mendhet arah wetan. Saiki mung Sunan Kalijaga sing paling keri lan ketenggor
arah lor. Sunan Kalijaga bingung sawetara wektu, amarga sisih
lor ora ana wit jati kang gedhe. Nanging, Kanjeng Sunan banjur enggal-enggal
nerusake lampahe tumuju arah lor. Kanjeng Sunan dumugi
dhaerah Pamantingan kang misuwur angker, nalika srengenge wis ambles saka
panyawang. Sawetara kuwi wali-wali liyane wis ora katon maneh. Para Wali Papat kanthi
semangat kang gedhe nglampahi tugas kang mulya lan agung iku.
Pamantingan
kang saiki dadi kutha Jepara iku sabenere wis dikenal banget dening Kanjeng
Sunan. Dhaerah iku biyasane dadi papan tapa bratane nalika tirakatan. Sabenere
pambangunan Mesjid Agung Demak iku bisa kasil mung gumantung karo
dhaerah kang arane Pamantingan iki. Saka dhaerah iki uga Kanjeng Sunan pikantuk
petunjuk ing endi sabenere wit jati sing kautus dening Sang Sultan.
Ing Pamantingan
Kanjeng Sunan bingung nggoleki wit jati kang bisa digunakake kanggo saka
guru Mesjid Agung Demak. Ing kono ora bisa ditemokake wit kang kaya mangkono. Banjur Kanjeng
Sunan tapa saperlu nyuwun petunjuk marang Gusti Kang
Murbeng Dumadi. Ing kono Kanjeng Sunan pikantuk petunjuk ing endi dununge wit jati kang
gedhe mau. Saka petunjuke Gusti, Kanjeng Sunan kepanggih panggonan kaya kang diisyaratke
ing tapa bratane mau, yaiku Gunung Pati. Tekan pinggir alas gunung iki, Kanjeng
Sunan menggok tumuju arah wetan ing sajrone alas. Sawise mlaku radha adoh Kanjeng Sunan
mirsani cangkem guwa. Cangkem guwa iku diubengi banyu kang bening banget lan
rame dening swara segrombolan kethek kang padha gumantung ing wit jati mau. Apa
kang dipirsani dening Kanjeng Sunan padha persis karo apa kang kagambar ing
tapa bratane. Kanjeng Sunan nyawuk banyu saperlu raup lan mbasuh astane.
Pasuryan kang kemringet saiki dadi seger lan cemlorot. Sinambi maos dzikir Kanjeng Sunan ngangkat
astane, nyuwun marang Gusti supaya kethek-kethek mau bisa tutut lan manut
utusane. Dumadakan Kanjeng Sunan kaget banget nalika mirsani kethek-kethek kang padha urmat lan
sujud. Kethek-kethek iku ana rong perangan. Perangan kang kapisan yaiku sagerombolan
kethek kang wernane coklat semu abang lan perangan sijine wernane putih
semu klawu. Sing ngagetake maneh yaiku kethek-kethek mau bisa ngomong. Kethek mau
siyap ngenteni utusane Kanjeng Sunan. Sanalika Kanjeng Sunan tanggap
ing sasmita. Piyambake njaluk marang kethek supaya gelem nglilakke wit jatine digawa menyang Kerajaan Demak. Sabenere
Kanjeng Sunan ora mentala nggawa wit kang dadi papan uripe kethek mau, nanging piye
maneh. Tanpa mikir dawa kethek-kethek mau langsung lila yen wit mau digawa Kanjeng Sunan.
Nanging, kethek-kethek mau njaluk syarat supaya Kanjeng Sunan gelem nggawa kethek ngabdi ing Kerajaan Demak. Kanjeng Sunan
sansaya bingung maneh.
Tanpa ngenteni
wangsulane Kanjeng Sunan, sagerombolan kethek kang gedhe lan wernane coklat
semu abang ngeploki kancane minangka tandha komandho. Dumadakan kethek-kethek liyane sing maune mung lungguh
ing mburi langsung ngadeg. Bareng-bareng kethek mau ngambrukake wit jati. Kurang saka setengah jam wit
jati kang dhuwure sepuluh meter mau kasil diambrukna. Sunan
Kalijaga sansaya kaget maneh lan bombong banget. Nanging, piyambake bingung
piye carane supaya kethek-kethek mau tetep manggon ing kono. Kethek-kethek
mau ngereo lan numpaki wit jati mau. Pungkasane Kanjeng Sunan
nugel wit jati dadi telu. Langsung wae kethek-kethek mau tiba. Dumadakan
kethek-kethek mau dadi sadar. Tanpa ngenteni komandho maneh kethek mau langsung
baris kanthi tumata rapi. Kanjeng Sunan pancen adil banget. Kanjeng Sunan ora nggawa kabeh wit mau,
piyambake mung nggawa sapertelone. Kanjeng Sunan menehi saben-saben gerombolan kethek putih lan abang karo sapertelon tugelan
wit jati mau. Kanjeng Sunan menehi wejangan marang kethek lan menehi jeneng
panggonan mau dadi Guwa Kereo.
Kanjeng Sunan nggawa wit jati mau menyang Kerajaan Demak kanthi
rikat banget. Nanging, tetep wae telat. Sanadyan telat, Sang Sultan tetep
bombong karo Sunan Kalijaga. Semono uga Sunan-Sunan liyane. Sultan lan Sunan-Sunan
liyane ora nyana yen Sunan Kalijaga bisa kasil, amarga sisih lor ora ana wit
jati kang gedhe kaya mengkono.
Patang saka
guru mau banjur didegake. Telung saka kang wutuh bisa ngadeg kanthi
apik. Saka guru Sunan Giri dipasang ing ngarep lan sisih kiwa pasujudane imam.
Saka guru Sunan Gunung Jati dipasang ing ngarep sisih tengene mesjid. Saka
gurune Sunan Bonang dipasang ing sisih kiwa mburi. Saka guru sing digawa Sunan Kalijaga
mung sapertelon. Nanging, Kanjeng Sunan ora kentekan akal. Wit kang mung sapertelon mau
disambung karo tugelan-tugelan wit saka Sunan-Sunan liyane mawa tali ijuk kang
gedhe paringane Sunan Giri. Ora kanyana-nyana, jebul saka gurune Sunan Kalijaga
kang sambung-sinambung mawa tali ijuk mau bisa ngadeg kukuh lan ora kalah karo
saka gurune Sunan Giri, Sunan Bonang, lan Sunan Gunung Jati sarta tetep kuwat
nganti saiki. Mung wae tali ijuk kang gedhe wis ora kuwat maneh lan kudu
diganti nganggo lempengan logam kuningan kang kudu dipaku kanthi kuwat. Saka
gurune Sunan Kalijaga dipasang ing jejere saka gurune Sunan Bonang. Mesjid kang gedhe,
amba, endah, jangkep, lan didama-dama dening Sang Sultan bisa ngadeg
kanthi kukuh. Dene peresmian Mesjid Agung Demak dilakoni kanthi sholat Jemuah bareng-bareng lan wengine digelar
pagelaran wayang kulit sinambi nyiarake agama Islam. Kanthi lelaku iku mau mesjid kang gedhe
lan agung iki bisa tetep rahayu lan raharja nganti saiki.