TRADHISI NYUMBANG
Tumrap masarakat Jawa, sasi Rejeb klebu salah sijine sasi
kang apik kanggo duwe gawe, ing antarane mantu. Yen istilahe saiki sing ngetren
yaiku resepsi. Mula ora aneh ing sasi Rejeb iki, akeh warga masarakat Jawa sing
padha duwe gawe mantu, ningkahake putra-putrine sing wis diwasa kepengin rabi.
Pancen ana sing isih ngugemi adat, tegese tradhisi Jawa isih komplit dicakake,
ing antarane ana nembung, pasok tukon, siraman, midadareni, ijab kobul,
panggih, lan pahargyan. Nanging uga akeh sing wis mung nindakake kanthi sarana
ringkes, yaiku nembung, pasok tukon, banjur dibacutake ijab kobul, lan
pahargyan. Malah akeh yen mantene wis kacilakan dhisik, tegese meteng dhisik,
malah mung ngadani ijab kobul lan resepsi climen utawa mung syukuran. Kabeh mau
gumantung karo pribadine dhewe-dhewe lan sing cetha ndhelok kandel tipise
dhuwite kanggo mantu. Saya kandel saya komplit lan gedhen.
Kanthi akehe wong duwe gawe mesthi wae akeh ulem kang
sumebar ing masarakat. Ora aneh yen ing sasi Rejeb ngene iki, bisa wae
sakulawarga entuk ulem utawa undhangan luwih saka siji. Malah bisa tekan limang
ulem sesasine. Akehe ulem ateges akehe dhuwit sing kudu diwetokake kanggo
nyumbang. Pancen tradhisi nyumbang iku wis ana wiwit kuna-makuna simbah buyut
biyen. Lan nganti tekan saiki tradhisi nyumbang kasebut isih lumaku. Ora ketang
ngalami owah-owahan. Yen jaman biyen, nyumbang iku ora kudu awujud dhuwit,
nanging bisa awujud barang kabutuhan padinan, kayata: beras, klapa, ketan,
jagung, kayu, kenthang, gula (pasir lan jawa), teh, pitik, wedhus, lan
liya-liyane. Gumantung saduwene warga sing padha nyumbang. Nanging kanthi
owahing jaman, nalika kabeh wis dikerta aji nganggo dhuwit, mula jaman saiki
nyumbang diganti nganggo dhuwit. Dadi luwih ringkes.
Nalika kabeh wis dikerta aji nganggo dhuwit, samubarang
diregani nganggo dhuwit. Ditambah maneh budaya kapitalis lan indhividhiualis
sing wis mratah ngrasuki budaya Jawa, dhuwit wis ora bisa uwal saka masarakat.
Ing babagan duwe gawe wae, saiki wis akeh sing mung dipasrahake wong liya
kanthi modhel dol-tinuku. Panganan wis nganggo katering, semono uga sing laden,
sewan bala belah, meja kursi, dhekor, tarub, busana, papan pahargyan,
panatacara (MC), lan liya-liyane. Mula saiki yen dhuwite kandel bisa aba apa
wae lan luwih pepak. Tradhisi rewang lan ngrewangi wong duwe gawe wis tansaya
suda, mung kari winates ila-ila, mung kanggo pantes-pantes wae, kayata jagongan
lelungguhan mung ngombyongi thok. Dene bot-repote sing duwe gawe adate wis ora
direwes, iku urusane sing duwe gawe. Lan sing cilaka maneh, ana wong duwe gawe
kanggo bisnis. Tegese, nalika dheweke duwe gawe, wis dietung njlimet, mengko
ngentekake ragad pira, lan entuk sumbangan pira. Malah sok-sok ing ulem wis
digambari gambar celengan, kang ateges kudu nyumbang awujud dhuwit. Yen bisa
ragade bali lan entuk bathi. Yen wis kaya ngono iku bebrayan ing masarakat
tansaya tambah cilaka.
Kamangka simbah-simbah leluhur biyen, nyontoni lan nindakake
tradhisi nyumbang iku mung kanggo urip bebrayan supaya bisa
ngentheng-enthengake bot-repote sing duwe gawe. Nyumbang ing jaman biyen iku
racake padha eklas lan lila legawa amarga pancen kanggo ngentheng-enthengake
sing padha duwe gawe. Kaya kang katon saka tembung mantu dhewe, yaiku sing
dieman-eman metu, ya anak, ya ragad, ya tenaga, ya penggalihan. Mula mantu
jaman biyen iku eklas ngetokake sing diduweni tanpa nduweni kekarepan bisa bali
modhal lan adoh saka kekarepan dol-tinuku, bathi lan tuna. Beda karo jaman
saiki, akeh wong nyumbang kanthi jor-joran, yen perlu utang barang. Ing
pangangkah besuk entuk balen saka sing disumbang. Dadi racake wong nyumbang
saiki merga njagakake balen ing tembe burine. Yen ora duwe direwangi ngutang
amarga njaga gengsi. Kudune nyumbang iku dhasare pira sing diduweni lan
saeklase. Iku kang njalari wong saiki akeh utang, salah sijine ya mung kanggo
nyumbang supaya besuke entuk balen.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar