Wayang
Kulit
Wayang
kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit.
Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang
ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.Wayang kulit
dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi
ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi
pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita
dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible
Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.
Panyebaran
Wayang
iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah
Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi
dening wong Jawa Tengah
lan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan
liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta
lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran
uga kondhang ing tlatahé dhéwé.Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk
owah-owahan. Campursari
lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi
acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné
sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.Wayang kulit uga asring sinebut
wayang purwa. Sumber caritané yaiku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang
ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Panggawéné wayang
Wayang
kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga
wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah
nganggo piranti arupa wesi lancip. Wesi waja iki digawé luqih
dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip, pipih, cilik, gedhé
lan wangunliyané sing nduwèni fungsi béda-béda.Wosé piranti mau kanggo gawé
manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan
awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku
lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan
manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang
supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang
kasebut.
Pesan moral: kita sebagai generasi muda
penurus bangsa kudu ngajani,njaga, lan ngelestarina budaya bangsa kita, supaya
kekayaan budaya bangsa kita ora di rampas kale bangsa liya. Kita kudu bangga
karo budaya kita dewe,ora karo budaya liya,seng isok ngerusak moralitas
bangsa,yen kita kudu pada-pada ngajeni budaya siji kale liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar