TEMBANG DOLANAN
Tembang dolanan iku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah
cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo
kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan,
sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan,
lingkungan alam, lan sapanunggalané.
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning
waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang
sing kerep diunekke bocah-bocah.
- Cublak-cublak suweng
- Gajah gajah
- Gambang Suling
- Gundhul Pacul
- Jamuran
- Jaranan
- Kidang Talun
- Kupu Kuwi
- Lir Ilir
- Menthok Menthok
- Padhang Bulan
- Pitik Tukung
- Suwe Ora Jamu
Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, sing biasa ditembangaké déning
bocah-bocah cilik sinambi dolanan bebarengan
kanca-kancané.
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé
Gajah-gajah kuwi salah sawijining tembang dolanan sing kerep ditembangaké déning
bocah-bocah cilik nalika utawa sinambi dolanan. Ing ngisor iki lirik tembang Gajah-gajah:
Gajah, gajah, mréné tak kandhani jah
mripat koyo laron, siung loro, kuping gedhé
kathik nganggo tlalé
buntut cilik, tansah kopat kapit
sikil koyo bumbung
mung mlakumu mégal mègol
Gundhul Pacul amujudaké tembang bocah-bocah kang
populèr ing Jawa Tengah. Tembang
iki kalebu tembang lelucon. Ing
ngisor iki lirik tembang Gundhul Pacul:
Gundhul gundhul pacul
cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul
kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané
dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané
dadi sak ratan
Lirik tembang Gambang Suling:
Gambang suling, ngumandhang swarané
thulat thulit, kepénak uniné
uuuuniné mung
nreyuhaké ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangané
Lirik tembang Menthog Menthog:
Menthok,
menthok, tak kandhani
mung rupamu, angisin-isini
mbok yo ojo ngetok, ono kandhang waé
enak-enak ngorok, ora nyambut gawé
menthok, menthok ... mung lakukumu megal megol gawé guyu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar