Siraman
Siraman iku salah siwijiné
rantaman ing upacara pengantènan. Acara siraman iku upacara
pralambang kanggo ngresikaké jiwa calon pengantèn. Upacara iki dianakaké
sedina sadurungé ijab kabul ing omahé calon mantèn. Padatan mapan ing
bagéyan omah sing rada kabuka kaya ing plataran mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisanan biasané wong tuwa calon mantèn, banjur diterusaké déning para sedulur liyané, lan uga pemaès nganti gunggung pitu.
Uba rampe
tumpeng, salah sawijiné
sesajèn ing upacara siraman
Uba
rampé sing kudu disiyagakaké antara liya:
- Wadhah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu
- Banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari)sing kajupuk saka 7 sumber
- Kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang kantil (kembang cempaka utawa kembang gadhing) lan kembang kenanga
- Wedhak teles limang werna kanggo sabunan
- Shampo tradhisional saka awu merang
- Duduh klapa
- Banyu peresan jeruk
- Klapa loro sing ditalèni dadi siji
- Kursi cilik sing dibungkus nganggo klasa amoh
- Kain putih
- Godhong dlingo-benglé
- Kain bangun tulak patang pola kanggo nglawan hawa sing ala
- Kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pola watu
- Kain batik motif grompol lan nagasari
- Andhuk
- Kendhi
- Gayung (siwur).
Rantaman Upacara Siraman
1. Masang
Bleketepe lan Tuwuhan nduwèni ancas minangka kanggo ngèyupi papan kanggo
mantu. Sing masang bleketepe yaiku wong tuwa saka pengantèn putri kanggo
pralambang gotong royong wong tuwa kekalih kang dadi pangayom ing kulawarga. Déné tetuwuhan sing dipasang, yaiku: cengkir gadhing, gedhang raja sawité, tebu wulung, ron alang-alang, ron kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron waringin. Tetuwuhan kuwi kanggo
pralambang pengarepan supaya pengantèn kekalih énggal éntuk momongan. [1]
2. Ngirim
Toya Perwitasari menyang Calon Pengantèn Priya yaiku sawisé toya 7 sumber
dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik
banjur dikirim menyang omahè calon pengantèn priya. Sing ngirimaké yaiku wakil
saka kulawarga sing diarani duta saraya.
3. Sungkeman
Sadurungé siraman, calon pengantèn sungkem marang wong tuwa kanggo njaluk
pangapura lan pangèstu anggoné arép mbangun abaléwisma.
4. Dedonga
5. Siraman
Sing nyiram sepisanan yaiku bapak calon pengantèn banjur ibu pengantèn lan
diterusaké para pinisepuh uga kalebu juru paès. Sawisé kuwi, banjur calon
pengantèn wudlu nganggo banyu sing
dipancuraké saka kendhi dening bapak calon
pengantèn.
6. Pagas
Rikma Sawisé siraman banjur diterusaké upacara pagas rikma utawa potong
rambut. Potongan rikma saka pengantèn kekalih banjur didadekaké siji banjur
ditanem ing upacara tanem rikma.
7. Dodol
Dhawet Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawèt. Iki nduwèni
pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupé penganten suasanané bisa
rengèng. Sing dodol dhawet Ibuné penganten putri, déné bapaké mayungi ibuné,
karo nyeyuwun ing ngarsané Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripé calon
pengantèn bisa sesrawungan karo liya lan seneng dèdana. Sing nukoni dhawet
yaiku para tamu lan dhuwit kanggo tuku nganggo dhuwit krèwèng/wingko (pecahan gendhèng). Werdiné
(tujuané) dodolan dhawet yaiku: wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejegé
balé wisma (balé omah), supaya tandhan padha-padha marem ing ati (ayem,
tentrem). Werdiné dhawet iku arum lan enak rasané, lan bisa ngresiki ganda
sawisé dhahar, mula tatacara ngombé dhawet iku tiba tatacara kang keri dhèwe.
Kamangka, werdiné dhuwit krèwèng kuwi saka lemah, amarga manungsa iku asalé ya saka lemah
kang lantaran bapa biyungé, asalé saka Gusti Allah.
8. Potong
Tumpeng Kamulyan Bapak saka pengantèn putri motong tumpeng kamulyan banjur
diwènèhaké ibu banjur didulangaké pengantèn putri.
9. Dulangan
Pengantèn putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang.
10.
Kembul Bujana Andrawina Para tamu dhahar sesarengan.
Sesaji
Sesaji
jroning acara siraman arupa tumpeng, panganan-panganan adhem, gedhang lan
woh-wohan liyané, endhog pitik, klapa sing wis dibukak kulité, gula klapa,
lentéra, kembang telon kenanga, mlathi lan kantil, pitung werna bubur,
kuwé-kuwé legi, panganan saka beras ketan, lan ingkung.
Upacara
adat siraman iki uga isa ditemokaké neng rantaman upacara pengantènan adat
suku-suku liya neng Nusantara.
Kata
Siraman berasal dari kata dasar “siram” (bahasa Jawa) yang berarti
mandi. Yang dimaksud dengan upacara adat siraman adalah memandikan calon
pengantin yang mengandung simbol membersihkan diri agar menjadi suci dan murni.
Bahan-bahan dan perlengkapan yang diperlukan untuk malaksanakan upacara siraman
adalah:
- Kembang setaman secukupnya.
- Lima macam konyoh panca warna atau penggosok badan yang terbuat dari beras kencur yang diberi pewarna.
- Dua butir kelapa hijau yang tua yang masih ada sabutnya.
- Kendi atau klenting.
- Tikar ukuran ½ meter persegi.
- Mori putih ½ meter persegi.
- Daun-daun : kluwih, koro, awar-awar, turi, dadap srep, alang-alang.
- Dlingo bengle.
- Lima macam bangun tulak atau kain putih yang ditepinnya diwarnai biru.
- Satu macam yuyu sekandang. Maksudnya kain lurik tenun berwarna coklat ada garis-garis benang kuning.
- Satu macam pulo watu (kain lurik berwarna putih lorek hitam), 1 helai letrek (kain kuning), 1 helai jinggo (kain merah).
- Sampo dari londo merang. Larutan ini didapat dari merang yang dibakar didalam jembangan dari tanah liat kemudian saat merangnya habis terbakar segera apinya disiram air. Nah air inilah yang dinamakan air londo.
- Asem, santan kanil, 2 meter persegi mori, 1 helai kain nogosari, 1 helai kain grompol, 1 helai kain semen, 1 helai kain sidomukti atau kain sidoasih.
- Sabun dan handuk.
Saat
akan melaksanakan siraman didahului dengan petuah-petuah dan nasihat serta
doa-doa dan harapan yang di simbulkan dalam:
- Tumpeng robyong.
- Tumpeng gundul.
- Nasi asrep-asrepan.
- Jajan pasar, pisang raja 1 sisir, pisang pulut 1 sisir, 7 macam jenang.
- Empluk kecil (wadah dari tanah liat) yang diisi bumbu dapur dan sedikit beras.
- 1 butir telor ayam mentah.
- Juplak diisi minyak kelapa.
- 1 butir kelapa hijau tanpa sabut.
- Gula jawa 1 tangkep.
- 1 ekor ayam jantan.
Untuk
menjaga kesehatan calon pengantin supaya tidak kedinginan maka ditetapkan hanya
tujuh orang yang boleh memandikan. Dalam bahasa Jawa tujuh sama dengan pitu
( Jawa ) yang berarti pitulung (Jawa). Hal ini mengandung makna
pertolongan. Upacara siraman ini diakhiri oleh juru rias (pemaes) dengan
memecah kendi dari tanah liat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar